Showing posts with label JAWA. Show all posts
Showing posts with label JAWA. Show all posts

Belajar kamus kosok balen Bahasa Jawa A - Y

Sahabat Pencari Ilmu, Yuk kita belajar tentang kamus kosok balen  Bahasa Jawa
kosok balen yaiku tembung sing tegese lelawanan

kosok balen adalah sebuah kata yang berlawanan atau kebalikan dalam bahasa indonesia di sebut antonim atau lawan kata.

A
abot><entheng
andhap asor><degsura, murang tata
adhem><panas
adol><tuku
agung><asat
akeh><sethithik
ala><becik
angel><gampang
angok><rob
anggak><grapyak
apal><lali
atos><empuk

ugi woco: Jinising Tembong bahasa jawa
B
bagus><ala
bandel><gembeng
banter><rindhing/ alon
bathi><tuna/ rugi
barang para><barang pengaji
becik><ala
begja><cilaka
bener><luput
bening><butheg
brangasan><sabar
boros><irit
buneg><lejar
bungah><susah


Ugi woco: Jeneng Anake Kewan
C
cedhak><adoh
cendhak><dawa
cethek><jero
cethil><loma
ciut><amba
crah><rukun
culika><jujur
cuwa><lega

D
dawa><cendhak
dhuwur><cendhek
duka><rena
dursila><susila

E
eling><lali
entek><isih

ugi woco
GEGURITAN PUISI BAHASA JAWA

G
gabug><mentes
gedhe><cilik
gela><marem, lega
gemi><boros
gething><seneng
goroh><jujur
grapyak><anggak
gundhul><ketel

J
jago><babon
jembar><ciyut
jero><cethek
jirih><kendel
jujur><culika

K


kaku><lemes
kalah><menang
kalis><nandhang/ketaman
kandel><tipis
kasar><alus
ketiga><rendheng
kemproh><resikan
kendel><jirih
kepenak><rekasa
kerep><arang
kereng><sabar
kesusu><sareh
kladuk><kurang
kuru><lemu

L
lali><eling
landhep><kethul
lantip><bodho
larang><murah
lega><gela
lembut><agal
lemu><kuru
loh><cengkar
longgar><sesak
luhur><asor
lumrah><aneh


ugi woco: Macem-maceme geguritan
M
mapag><ngeterake
marem><gela
mencutake><nyebahi
mentah><mateng
mentereng><prasaja
miris><tatag
mukti/mulya><sengsara
mursal><bekti
muspra><guna
murah><larang
mungsuh><kanca/bala

N
nacad><ngalem
nesu><rena
nistha><utama
ngajeni><ngina
ngakoni><nyelaki
ngati-ati><sembrana
ngebreh><ngirit
ngebon><kontan


ugi: Jenenge Jinise Penggawean
P
padhang><peteng
padu><rukun
prasaja><mubra-mubru
pungkasan><wiwitan
purwa><pracima

R
rame><sepi
rampung><wiwit
rancag><rendhet
rekasa><kepenak
resikan><kemproh
rikat><alon

S
sabar><brangasan
sareh><kesusu
satru><kanca
sedhep><cemplang
sedih><seneng
sleder><tliti
semanak><anggak
sengsara><mulya
sepele><wigati
sregep><kesed
subur/loh><cengkar
suda><tambah
susah><bungah


ugi: Arane Godong
T
tabah><kuwatir
tanpa><nganggo
takon><mangsuli
teka><lunga
temen><cidra
tipis><kandel
tradhisional><moderen
tuku><adol
turah><kurang/cumpen

U
ukuman><ganjaran
umuk><nyata
urip><mati

W
wareg><ngelih/luwe
wetan><kulon
wedi><wani
wigati><sepele
wuled><mbedhel
wudhu><payu/laris
wuragil><pembarep
wutuh><suda/kalong

Y
yekti/nyata><goroh/apus-apus


Terimakasih telah membaca Artikel tentang Kosok Balen Bahasa Jawa   semoga bermanfaat, Silahkan di Share yaaa!!!

Jinising Tembung Bahasa Jawa || kurikulumsekolahku

Sahabat Pencari Ilmu, Yuk kita belajar tentang Jinising tembung


1.      Tembung aran yaiku jeneng samubarang kang maujud lan ora maujud. Kang maujud tuladhane: kursi, buku, meja, negara. Kang ora maujud tuladha: pangarsa, kapinteran, kagungan, pikiran, kawruh, agama, lsp.

2.      Tembung kriya yaiku tembung kang mratelake solah bawa utawa pagawean. Tuladha: disaponi, nyapu, nuthuk, kokthuthuk, disamber, nyamber, lsp.

3.      Tembuung kahanan yaiku tembung kang mratelakake kahanan utawa sipat samubarang kayata sugih, kuru, lemu, sabar, nesu, dhuwur, cendhek, lsp.

4.      Tembung sesulih yaiku tembung kang dadi sesulih utawa gantine samubarang. Tuladha: aku, kowe, dheweke (diarani tb. Sesulih purusa/ wong). Tuladha: -ku, -mu, -e (diarani tb. Sesulih darbe). Tuladha: sapa, apa, pira, kapan (diarani tb. Sesulih pitakon). Tuladha: iki, iku, kene, kana, lsp (diarani tb. Sesulih panudhuh).

5.      Tembung wilangan yaiku tembung kang mratelakake cacah. Tuladha: sithik, akeh, siji, loro kapisan, lsp.

6.      Tembung ancer-ancer yaiku tembung kang mratelakake panggonan utawa dunung. Tuladha: ing, marang, saka, katur, lsp.

7.      Tembung panggenah/ tetenger yaiku tembung kang nyandhangi barang kang wis genah ana. Tuladha: Si, Raden, Kanjeng, Paman, lsp.

8.      Tembung katranganyaiku tembung kang nerangake tembung kriya utawa kahanan. Tuladha: banter, mesthi, tansah, biasane, durung, wingi sore, lsp.

9.      Tembung pangiket yaiku tembung kang ngiket utawa nggandhengake tembung siji lan sijine utawa ukara siji lan sijine. Tuladha: lan, sarta, saha, tuwin, miwah, sarehne, sabab, nanging, utawa, dene, ewadene, amarga, jalaran, lsp.

10.  Tembung panguwuh yaiku tembung kang mratelakake panguwuh utawa sambat. Tuladhane: adhuh, tobat-tobat, wah, lo, lah, hemm, lsp.