Sahabat Pencari Ilmu, Yuk kita belajar tentang Jinising tembung
1. Tembung aran yaiku jeneng samubarang kang maujud lan ora maujud. Kang maujud tuladhane: kursi, buku, meja, negara. Kang ora maujud tuladha: pangarsa, kapinteran, kagungan, pikiran, kawruh, agama, lsp.
2. Tembung kriya yaiku tembung kang mratelake solah bawa utawa pagawean. Tuladha: disaponi, nyapu, nuthuk, kokthuthuk, disamber, nyamber, lsp.
3. Tembuung kahanan yaiku tembung kang mratelakake kahanan utawa sipat samubarang kayata sugih, kuru, lemu, sabar, nesu, dhuwur, cendhek, lsp.
4. Tembung sesulih yaiku tembung kang dadi sesulih utawa gantine samubarang. Tuladha: aku, kowe, dheweke (diarani tb. Sesulih purusa/ wong). Tuladha: -ku, -mu, -e (diarani tb. Sesulih darbe). Tuladha: sapa, apa, pira, kapan (diarani tb. Sesulih pitakon). Tuladha: iki, iku, kene, kana, lsp (diarani tb. Sesulih panudhuh).
5. Tembung wilangan yaiku tembung kang mratelakake cacah. Tuladha: sithik, akeh, siji, loro kapisan, lsp.
6. Tembung ancer-ancer yaiku tembung kang mratelakake panggonan utawa dunung. Tuladha: ing, marang, saka, katur, lsp.
7. Tembung panggenah/ tetenger yaiku tembung kang nyandhangi barang kang wis genah ana. Tuladha: Si, Raden, Kanjeng, Paman, lsp.
8. Tembung katranganyaiku tembung kang nerangake tembung kriya utawa kahanan. Tuladha: banter, mesthi, tansah, biasane, durung, wingi sore, lsp.
9. Tembung pangiket yaiku tembung kang ngiket utawa nggandhengake tembung siji lan sijine utawa ukara siji lan sijine. Tuladha: lan, sarta, saha, tuwin, miwah, sarehne, sabab, nanging, utawa, dene, ewadene, amarga, jalaran, lsp.
10. Tembung panguwuh yaiku tembung kang mratelakake panguwuh utawa sambat. Tuladhane: adhuh, tobat-tobat, wah, lo, lah, hemm, lsp.